free web hosting | website hosting | Web Hosting | Free Website Submission | shopping cart | php hosting
.

Mat Pithi
Banyolan Arek Suroboyo

.
. .

.
Kenalno, rek ...

Kulo niki namine Mat Pithi sing gadhah griyo. Sepuntene nek griyo kulo niki ketok mboten karuwan, wong pancen lare mboten gadhah, yok nopo, se. Nggih sak ontene, dulur-dulur.

Cumak, kulo niki rodhok ndlodog, nek perkoro sopan santun, nggih sak ontene mawon. Bloko suto wong ancene Arek Suroboyo niku lak nggih srudak-sruduk thok. Benten tah kalih lare kilen-kilenan mrika, sing alus bahasa lan gaya-gayane.

Pun tah, nek Arek Suroboyo niku luput sembur, nek dikandhani niku blas mboten kathik noleh. Tapi niku cumak ketok njobone mawon, kok. Teng njero atine niku apik-apik mawon. Sing penting paseduluran mawon sing kathah.

Cumak nggih niku, sepuntene, wong arek-arek niku nek mbanyol mboten kenek di-rem. Sak medal-medale, pun. Nek dikandani, nek nyebut jenenge perkakas wedok yo ojok 'empik' talah rek, mboten purun. Lha pancen jenenge ngono jare, cak. Lho lak mbregudhul, tah ngoten niku.

Mugi-mugi mawon 'griya' sing kulo bangun niki saged awet, lan tambah penggemare. Dados mboten gela ati kulo niki. Derek-derek sing dereng nate mampir, nggih sampeyan ajak-ajak, tah.

Nggih ?

Kulo : Mat Pithi

Turut mengundang : Gigih Nusantara

NB. Kalau datang di terop kami harap tidak membawa senjata.Bir Besar @ Rp 5000,- Kontan
Tandhak harap dikasih uang, didlesepkan di BH-nya.
Kalok misuh, bisa pilih salah satu dari :
Jancuk !
Diamput !
Dobol !
Matamu !
Raimu !
Bedhes !
Gathel !

Kalok ndak lucu, jangan kuciwa. Duwik ndak isok mbalik. Tapi kalok lucu, harap ketawa, pumpung ndak bayar.

Lho, NB-ne cik akehe

 

.
.

li-ceng-bu-ruk
(sampeyan pijet ndukur niki nek ajeng mlebet teng banyolan)