![]() |
![]() |
Cumak 6 cm Tekan Kenjeran, terus golek nggon sing rumbuk-rumbuk, pinggir pantai, sing wis mulai awan mau banyune mulai dukur. Angin laut semribit, nggarahi tambah memel olehe roman-romanan. Ning Hetty nyekeli lengeni Mat Pithi, kagum. Dasar Mat Pithi kerjoane ndik pelabuhan, nek perkoro otot lengen yo gak isok dilawan. Keker, wis. Ning Hetty, mbarek kagum, ngomong: "Wiik..., lengen peno, cak. Cik dempale. Pira iki ukurane" Jare Mat Pithi: "Ah, wong kuru ngene, lho, dik. Isin aku. Wingi tak ukur nggawe meterane cak Dul penjahit, onok nek 35 centimeter", karo isin-isin seneng. Ning Hetty: "ck...ck...ck...!" Ning Hetty: "Lha nek dada peno, cak. Ketok ombo ngene, rek" Mat Pithi: "Alah Ndang, piro se gedene dadaku iki. Yo jik gede dadane Ade Rai, tah" Ning Hetty: "Tapi tau tah peno ukur ?" Mat Pithi: "Iyo, dik. Wingi tak ukur mbarek meterane cak Dul onok nek 90 centimeter" Ning Hetty: "Wuik ....ck...ck...ck...!" Ning Hetty: "Anu cak, nek... iku lho, anu....opo yo... ah iku lho cak... hm... isin aku cak ngomonge..." Mat Pithi: "Opo se dik sing katene peno takokno?" Ning Hetty: "Iku lho cak.. opo se... ah, siin aku..." Mat Pithi langsung ngerti karepe Hetty Koes Endang mau. Jarene: "Iki tah dik". Ngono iku karo nyekel tangane Hetty Koes Endang, ditepakno ndik bongkote pupune Mat Pithi, sing wis kaet mau krembuk-krembuk katene tangi. Ning Hetty, mbarek rodok isin-isin: "Iyo, cak...." Jare Mat Pithi: "Alah piro se dik. Wong wingi tepak nglembreh, tak ukur cumak 6 centimeter ae, kok..." Ning Hetty: "Iku sampeyan ukur nggawe meterane cak Dul jugak ? Karep peno iku nem centimeter mau lingkarane tah dawane ?" Mat Pithi: " Yo dawane, dik..." Ning Hetty: "Lha kok gundek, cak ? Sing nem centimeter iku apane?" Mat Pithi: "Jarake saka lemah dik, nek pas aku ngadeg !" Ning Hetty mendelik,
mbayangno: "Cik enak-e, rek...."
|