|
Kumpulan Banyolane Mat Pithi ndik Milis ASU |
Udan ae onok gludug-e,
cak ...
Mat Pithi nguyuh nang toilet umum. Kebiasaane Mat Pithi, nek nguyuh, gak urung, mesti
ngentut. Dadi, nek pas katene nguyuh kebarengan wong liyo, ya diempet disik. Ngentut, lak
isin tah.
Tapi, wong wis ngempet suwe, ya kepeksa diuyuhno. Gak urung, iku mau, ngentut dek-e.
Padahal, ndik sebelahe, onok Dul Kimpong.
'Jancuk, Mat, ngentut ko-en'
'Enggak...'
'mBujuk'
'Sumpah'
'Iku maeng, suarane brot...brot...brot... Ambune iki,
opo?'
'Ko-en iku, Mat, gak isok tah nguyuh gak athik
ngentut?'
'Cak...cak...Ngono ae digawe gede. Wong udan ae yo onok gluduk-e ngono, lho...'
'Dobol...!'
Gigih
|
|