free web hosting | free hosting | Business Hosting Services | Free Website Submission | shopping cart | php hosting
Custom Search

Kumpulan Banyolane Mat Pithi ndik Milis ASU

Hasile Ngemis mbalik Ngemis.....

Nuhoni rencanane kawitan, sing arepe ngedekna BENGKEL SEPEDA,
Mat Pithi olehe ngemis amben dina diirit-irit. Luwih akeh sing
dicelengi
ketimbang ding dipangan utawa ditokna. Ya pancen hasile ora sithik.
Wong saben dina mubeng sak kecamatan, apese nganthongi 10000 repis.
Iku lak wis ngalahna UMR buruh linting rokok cap Junck Krick U Paw
tah?

Mula ora ndadak ngenteni setahun Mat Pithi wis bisa ngompliti perkakas
keperluanne Bengkel Sepeda. Malah dheweke wis pesen kanggo PLANG
utawa papan nama Usbeng-da ne. Kathik sing dipilih jenenge mentereng
------------------------------------------------------------------
#USAHA LUMAHING ASTA#
AHLI BEDAH PIT HI
(anda puas beritakan kepada teman, anda kecewa hubungi saya)
-----------------------------------------------------------------

Lho rak hebat tah, polone Mat Pithi sing saka deso kluthuk iku. Mung merga mentas entuk suwekan Tiket Bus Malam Lorena ae langsung eling kata-kata sing nang jero kurung iku. Nadyan dhek e dhewe ya ora pati dhong, wong lulusan SR.

Usaha awale dilakoni part timer. Esuk mulai jam 7:00 tekan jam 12:00 mbengkel, jam 13:00 tekan jam 15:00 ngemis, terus mbengkel maneh sedelut tekan magrib.

Nek Mat Pithi iku wong keset, mesthine milih ngemis thok, wong gampang tur akeh hasile. Ning dhasare wong satria iku asor nek terus-terusan ngemis. Senajan bangsane dhewe uga terus ngemis.. (Mat Pithi mbrebes mili nek ngelingi perngemisane bangsane iki) Mat Pithi pilih serius mbengkel.

Wis ngono ana ae pokale. Nek ana arek-arek sing mampir, nambalna sepeda tah mbenerna rante, trus diajari carane mbengkel. Akhire bengkele tambah rame.

Ning kocapa bareng wis meh kabeh arek-arek enom bisa mbengkel dhewe, terus dha ngakali Mat Pithi. Arek-arek mau dha bukak bengkel gelap, kathik ngaku cabang perusahaanne "AHLI BEDAH PIT HI".

Sing nggarahi bangkrut Mat Pithi iku ya akale arek-arek sing nggak dlomok iku. Lha sering dha nambal nang ngomahe dhewe, terus ban dipasang, sepeda dituntun nang Mat Pithi. Tekan kono mik nyilih pompa.

Bolak-balik wong teka mik nyilih pompa. Malah sing nggarahi Mat Pithi mutung mbengkel, ana arek sing kenemenan. Bar nyilih pompa, malah mulihe nyangking jugil ban ambek kunci inggris. Ya pantes ae AHLI BEDAH PIT, Hi!! Collapsed, trerus Rushed...

Akhire mbalik maneh nekuni PERNGEMISAN, Usaha Lumahing Asta lebih diseriusi...

Hasile Ngemis mbalik Ngemis.....

(tambah gak lucu babah...)

mBah Soeloyo

Balik Kucing